Iki minangka perangan rumpun basa Melayu-Polinesia saka kulawarga basa Austronesia lan paling sumebar sawisé basa Indonesia, sarta dianggep minangka salah siji basa klasik ing donya.
Basa Jawa (ꦧꦱꦗꦮ, basa Jawa; pocapan basa Jawa: [bɔsɔ dʒɔwɔ]) (kang umum diarani ꦕꦫꦗꦮ, cara Jawa; pocapan basa Jawa: [tjɔrɔ dʒɔwɔ]) iku basane wong Jawa saka pérangan tengah lan wétan Pulo Jawa, ing Indonesia. Ana uga klompok-klompok cilik panutur basa Jawa ing pasisir lor Jawa Kulon. Basa iki dadi basa ibu luwih saka 98 yuta wong (luwih saka 42% saka cacah penduduk Indonesia kabèh). Basa Jawa iku salah siji basa Austronesia, nanging ora banget cedhak karo basa-basa liyané lan angel diklasifikasèkaké. Sedulur sing paling cedhak yaiku basa-basa tangga teparo kayata basa Sunda, Madura, lan Bali. Akèh-akèhé panutur basa Jawa uga migunakaké basa Indonesia, yaiku wangun baku basa Melayu ing Indonesia, kanggo kapentingan resmi lan dagang uga minangka sarana komunikasi karo wong Indonesia sing dudu Jawa. Ana panutur basa Jawa ing Malaysia (muser ing nagara bagian Selangor lan Johor) lan Singapura. Sawetara wong trah Jawa ing Suriname (koloni Walanda ing Suriname nganti taun 1975) nganggo salah sawijining turunan ing basa kreol.